Gara-gara Dalan
“Bintang malam
katakan padanya, aku ingin melukis sinarmu di hatinya, embun pagi katakan
padanya, biar kudekap erat waktu dingin membelenggunya...”.
Durung rampung lagu kang dinyannyekke Kerispatih mau rampung, aku cepet-cepet
mateni radio sing sumeleh ana nduwur meja. Yen ora tak peteni mung nambah
ngenesing atiku saiki.
Bengi pancen wektu sing paling daksengiti saiki. Maruta
mung tansah nggawa ganda sepi. Kelingan marang salah sawijining priya kang nate
mampir ing udyananing atiku, kang nambah seseging dhadhaku.
Aku kenal dheweke nalika aku melu kursus komputer.
Jenenge Endrik, salah sawijining tutor ing nggonku kursus. Ora let suwe aku
kesengsem karo wonge amarga sipate sing kalem tur sabar. Ora nyana ora ngira
semana uga dheweke, seneng marang aku.
Kanca-kancaku uga sarujuk menawa aku daden karo mas
Endrik. Akeh sing kandha manawa pasuryaku karo pasuryane mas Endrik kaya jambe
sinigar, mula wong-wong sing ora ngerti mesti bakal takon apa aku adhike mas
Endrik. Aku mung kerep mesem wae yen ana pitakonan kaya mangkono. Akeh uga wong
sing kandha yen pasuryane mirip jare
kuwi jodhone. Aku mung bisa ngamini wae.
“Dhik,
sesok malem minggu aku dolan menyang omahmu ya?” pitakone nalika bubar kursus.
“Ya
mangga mas, aku malah seneng. Mengko daktepungake karo bapak ibuku”.
Malem minggu sing dakenten-enteni teka. Tenan sing
dikandhakake mas Endrik, dheweke teka menyang omahku. Enggal-enggal dakbukakne
lawang lan dakaturi lungguh. Sawise jaduman sauntara, aku menyang mburi marani
ibu sing lagi delok tv.
Ibu enggal-enggal metu lan nemoni dhayuhku sing ana
ruang tamu. Melu lenggah lan jaduman.
“Oh,
iki ta kancane Dian. Asmane sinten mas?” pitakone ibu sinambi salaman.
“Kula
Endrik buk.” Sumaure karo mesem.
“Daleme
pundi?” pitakone ibu.
“Kula
Sumbersari buk, celak kaliyan bale desa.”
“Buk,
mas Endrik menika sakniki dados kanca cedhak kula, panjenengan setuju to?”
pitakonku.
Ananging
ibu ora ngendika apa-apa. Panjenengane mung mesem wae. Aku mikir iku pratandha
menawa ibu sarujuk yen mas Endrik dadi kanca cedhakku. Ora let suwe jaduman ibu
pamit menyang njero maneh. Ninggal aku lan mas Endrik sing asik jaduman.
Watara jam 9 mas Endrik pamit mulih.
Amarga ora kepenak yen kesuwen wong lanang dolan menyang omahe wong wadon
bengi-bengi.
***
Sawijining bengi, nalika ndelok tv bebarengan, ibu
takon bab kang ora tak nyana-nyana.
“Apa
tenan kancamu sing mrene wingi kuwi kanca cedhakma saiki?
“Nggih
tenan buk, ibu lak ya sarujuk ta?” sumaurku karo rada bingung.
“Jan-jane
ngono aku ora sarujuk yen Endrik kae dadi kanca cedhakmu, ananging yen kanca
biasa ya ora apa-apa”.
“Lha
kenging menapa bu, kala wingi kula tepangaken ibu mesem kemawon sajak sarujuk?.”
sumaurku karo tansaya bingung.
“Ngene
lho nduk, kowe lak yo wes tau krungu yen ana adate wong Jawa ora oleh ngepek
mantu sing dalan omahe mojok yen didelok
saka omahe dhewe. Jarene ora apik, mengko bakal ana kadadean ala sing ora
dikarepake. Kamangka omahe kancamu kuwi yen didelok saka kene lak to pojok
kidul wetan. Mulane sadurunge kebacut kowe dakkandhani dhisik.” kandhane ibu
alon-alon.
Mak
dheg aku krungu ngendikane ibu. Kaya krungu gludhung ing mangsa ketiga.
“Kok
ya ibu tasih percaya ngoten niku?” aku karo rada nesu,
“Iku
pancen wis dadi kaparcayane wong Jawa. Manuta kandhane ibu, aku ora kepengin
ana apa-apa ing kluwargane awake dhewe. Kowe oleh yen kekancan karo bocah kuwi,
ananging yen kanca cedhak ibu ora sarujuk.”
Sawise
krungu kaya mangkono, aku mlebu menyang kamar karo rada mbanting lawang.
***
Pirang-pirang dina aku tansah
kelingan marang ngendikane ibu. Apa kuwi tenan? Pitakonan iku tansah ngganjel
ing atiku. Nganti mas Endrik bisa ngrasakake yen ana sing ora biasa karo aku.
“Ana
apa ta dhik, kok sajake rada beda dina-dina iki?” pitakone mas Endrik
penasaran.
“Ora
kok mas. Ora ana apa-apa.”
“Ora
sah ngapusi. Yen ana masalah ki kandhaa, sapa ngerti aku bisa ngewangi.”
“Iya,
ana prakara penting kang arep dakkandhakake marang sampeyan.”
“Iya,
ana apa?” mas Endrik penasaran.
“Ibuku
ora sarujuk yen aku cedhak karo sampeyan” sumaurku karo rada wedi.
“Lha
ana apa kok ora sarujuk, wingi sajak ibumu apik-apik wae, lha kok saiki kowe
kandha ngono? Pitakone karo rada nesu.
“Amarga
ibu ngendika yen ana kaparcayan Jawa ora kena yen nganti oleh mantu sing omahe
pojokan. Kamangka omahe sampeyan lak ya pojok kidul wetan yen didelok saka
omahku . Menawa dilanggar bakal ana kadadeyan kang ora becik.”
Mas
Endrik mung bingug lan meneng ngrungokake kandhaku. Semana uga aku.
***
Wiwit kadadean iku aku, mas Endrik lan kluwargaku
dadi ora kepenak. Aku sing isih mangkel karo apa sing dikadhakake ibu, lan
sikape mas Endrik sing uga malih sanajan ora ngetok-ngetoki ning ngarepku.
Ing salah sawijining dina kang ora taknyana-nyana,
mas Endrik teka ing omah. Aku rada kaget amarga ora kandha sadurunge.
“Dhik
sepurane aku mrene ora kandha dhisik. Ibumu ana ta, aku kepengin matur karo
ibumu.”
Aku
kaget krungu pitakonane. “Arepe matur apa mas, kok sajak wigati?”
“Ora
apa-apa, yen ana enggal diaturi mrene.”
Aku
enggal mlebu lan ngaturi ibu. Ibu enggal metu lan lungguh ana kursi ruang tamu.
“Bu,
kula wonten mriki badhe nyuwun pirsa, kenging menapa panjenengan boten sarujuk
menawi kula cerak kaliyan Dian?” pitakone alon-alon.
Aku
kaget lan ora percaya yen mas Endrik wani takon langsung karo ibu.
“Ngene
lo mas, sampeyan lak ya ngerti utawa wis tau krungu yen adate wong Jawa ki ora
apik yen oleh mantu dalan omahe mojok.
Mengko marahi ana kadadeyan sing ora apik.”
“Mumpung durung kebacut adoh, aku njaluk
marang sampeyan ora sah diterusne. Iki ngono kanggo kabecikane kabeh”.
Krungu
sumaure ibu kang kaya mangkana dheweke lan aku mung bisa meneng. Ora nyangka
yen gara-gara adate wong Jawa sing kaya mangkana aku bakal dadi korbane.
“Nggih
menawi mekaten ingkang panjenengan kajengaken, kangge kabecikan panjenengan lan
Dian, kula ngalah kemawon. Boten dados
menapa menawi kula boten saged cerak
kaliyan Dian.”
Ora
krasa luh tumetes metu. Ora nyana ora ngira yen ngene dadine. Ngerti aku sing
kaya mangkene, dheweke ora tega nyawang aku.
“Ora
apa-apa dhik, menawa awake dhewe pancen
jodho ora bakal menyang ngendi-ngendi, mesti bakal pethuk maneh.” Kandhane kanggo
nguatne aku.
Luhku tansaya dleweran mili kaya kali kang ora bakal
asat. Sanajan ati iki isih abot pisah karo wong sing daktresnani, aku nyoba
legawa kanggo kabecikane kabeh. Percaya yen jodho ora bakal mlayu menyang ngendi-ngendi,
bakal pethuk maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar