SLAMETAN WETON WONTEN TRADHISI MASARAKAT JAWI
PANGERTOSAN SLAMETAN WETONAN
Tembung “wetonan” asalipun saking tembung lingga “wetu” ingkang
tegesipun wedal, wiyos saka ing njero menyang menyang ing njaba. Weton wonten
mriki inggih menika samukawis ingkang gayutan kaliyan wiyosipun tiyang. Dados
slametan wetonan inggih menika slametan ingkang dipunadani kangge mengeti
dinten lairipun tiyang. Slametan menika dipunadani saben 35 dinten utawi wonten
itungan Jawi dipunsebat selapan. Weton
minangka dinten wiyosipun tiyang wonten itungan saptawara lan pancawara
utawi pasaran (pon, wage, kliwon, legi, pahing).
Weton kangge masarakat Jawi minangka satunggaling perkawis ingkang wigati sanget
amargi weton saged suka gambaran watakipun tiyang saha nasibipun ing wekdal
samangke. Wonten tradhisi Jawi tiyang kedah dipundamelaken bancakan weton paling boten sepisan
sadanguning gesang, ananging langkung sae bilih dipunadani paling boten setaun
sepisan. Menawi satunggaling tiyang sampun ngraos asring ngalami kesialan (sebel-sial), boten begja,
asring ngalami kadadosan ingkang boten sae, biasanipun ngawontenaken bancakan
weton kaping pitu kanthi urut.
Ancas dipunadani slametan wetonan inggih menika supados tiyang angsal
keslametan, tebih saking bebaya. Kajawi kangge pados keslametan, slametan wetonan nggadhahi ancas
kangge ngopahi sing momong. Pamomong ingkang tugasipun mbimbing saha ngarahaken supados tiyang boten salah
panjangkah, supados lakunipun pener
saha pas. Wonten ing masarakat Jawi wonten kapitadosan bilih manungsa lair
wonten ing donya boten piyambakan, ananging gadhah sedulur alus ingkang
dipunwastani sadulur papat. Sadulur papat inggih menika: kawah, ari-ari, getih,
tali puser saking bayi ingkang dipunlairaken menika. Sedulur-sedulur alus
menika dados makhluk alus ingkang menawi boten dipunhormati badhe ngganggu tiyang kasebut.
Makhluk-makhluk yang ingkang minangka sedulur alus tiyang adhedhasar Kitab Primbon Betaljemur Adammakna
inggih menika:
a.
Bungkus ingkang samangke
dados kutilapas kera,
b.
Kawah ingkang samangke dados celeng demalung,
c.
Ari-ari (tembuni) ingkang samangke dados
asu ajag,
d.
Getih ingkang samangke dados kala srenggi (bantheng),
e.
Kendhal lemak ingkang samangke
dados kalamurti (kebo),
f.
Ilu ingkang samangke dados kalarandhing (menjangan),
g.
Kunir (landasan pemotong ari-ari
ingkang samangke dados kalawelakas
(kijang),
h.
Lepasan ari-ari yan sudah kering
ingkang samangke dados tikus jinada,
i.
Usus dan ari-ari ingkang samangke
dados taliwangke.
Supados makhluk alus menika boten ngganggu, saben dinten wiyosipun
tiyang dipunadani sajen utawi among-among utawi slametan wetonan.
MAWARNI-WARNI UBARAMPE LAN TEGESIPUN ING TRADHISI
SLAMETAN WETONAN
Ubarampe
ingkang dipunginakaken wonten tradhisi slametan wetonan inggih menika:
1.
Tumpeng
Tumpeng
minangka pratandha bilih manungsa kedah takwa dhumateng
Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos kanthi nglampahi sedaya printah saha nebihaken saking
sedaya laranganipun. Tumpeng ugi minangka wujud donga saha ngambaraken sanubarang ingkang wonten donya. Sedaya samukawis ingkang
wonten donya asalipun saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Dipunwujudaken minangka tumpeng ingkang bentukipun
alit wonten inggil (mengerucut).
Teges sanesipun bilih sedaya donga minangka upiya sinergisme dhumateng Gusti Allah. Pramila, wonten perangan ngandhap
tumpeng bentukipun ageng saha amba, langkung inggil langkung alit saengga namung wonten setunggal
titik.
2.
Pitung jinis kuluban
Kuluban ingkang dipunpilih bebas, ananging kangkung saha kacang kedah wonten.
Sayuran saged dipunrajang-rajang kajawi kangkung saha kacang. Sadayanipun dipungodhog ananging ampun ngantos kematengen
(mlonyoh).
Pitung jinis kuluban menika minangka
simbol supados angsal pitulungan. Teges saking kacang saha kangkung ingkang
boten angsal dipuntugeli (dirajang) inggih menika minangka pralambang panjang
rejeki, panjang yuswanipun, panjang ususipun (sabar) saha panjang akalipun.
3.
Bumbu gudhangan
Kangge slametan wetonan lare alit ingkang umuripun dereng ngantos 8
taun utawi sewindu bumbunipun boten pedhes. Kangge lare saha tiyang ingkang
yuswanipun sampun langkung wolung taun, bumbu ingkang dipunginakaken inggih
menika bumbu pedhes. Bumbu gudhangan kadadosan saking klapa sepalih enem
(kemelas) dipunparut kanthi bumbu-bumbu: sere, godhong jeruk purut, tumbar,
salam, laos, gula jawa, sarem, brambang lan bawang.
Teges bumbu gudhangan pedhes inggih menika bilih tiyang sampun wonten
ing pagesangan ingkang sejatosipun. Pagesangan ingkang kebak raos manis, pait saha getir. Menika
nglambangaken falsafah Jawi ingkang
gadhah pandangon bilih pendhidhikan kadhewasan kedah dipunwiwiti wiwit alit.
Nalika lare alit umuripun sampun langkung saking sewindu sampun kedah sinau
babagan pagesangan ingkang sejatosipun
4.
Tigan
Tigan
ingkang dipunginakaken inggih menika tigan ayam ingkang cacahipun wonten pitu,
sewelas utawi pitulas. Tigan menika dipungodhog lan dipunonceki kulitipun.
Cacah tigan minangka lambang pangarep-arep kangge tiyang kasebut supados angsal
pitulungan (pitu) saking Gusti ingkang Maha Kuwaos, sewelas minangka pralambang kawelasan, saha pitulas minangka
pralambang pitulungan lan kawelasan.
5.
Patang jinis pala-palaan lan
pisang
Patang jinis pala-palaan inggih menika: 1. pala gumantung (tuladhanipun: kates); 2. pala kependhem (tuladhanipun: tela)
; 3. pala rambat (tuladhanipun:
tela rambat); 4. kacang-kacangan (tuladhanipun kacang tanah).
Sedayanipun dipungodhog kajawi kates.
6.
Pisang raja
Pisang raja minangka buah ingkang kedah wonten ing tradhisi slametan
wetonan. Pisang raja minangka pralambang supados tiyang angsal pepadhang kangge
nggayuh kabagyan ing pagesangan, saha supados anggadhahi sifat kados raja ingkang berbudi bawa leksana.
7.
Jajan pasar
Kadadosan saking dhaharan tradhisional ingkang wonten ing pasar.
Tuladhanipun dhaharan ingkang dipundamel saking ketan: wajik, jadah, puthu,
lemper lsp. Dhaharan ingkang dipundamel saking beras : apem, cucur. Ugi
wonten buah-buahan ingkang asring
dipuntemoni ing peken kadosta salak, rambutan, manggis, pelem, dhondhong.
Teges saking jajan pasar saha buah-buahan menika gadhah gayutan kaliyan kasarasan, rejeki,
keslametan, supados kelet kaliyan tiyang menika wonten pundi kemawon.
8. Sekar setaman
Sekar
setaman kadadosan saking kembang mawar abrit, mawar pethak, kantil, melati saha kenanga. Sekar
setaman menika anggadhahi teges piyambak-piyambak. Tuladhanipun sekar mawar
ingkang dipunbacutaken dados tembung awar-awar supados penggalihipun tawar saking sedaya nafsu
ingkang boten sae. Sekar melati, dipunbacutaken dados melat-melat ing ati, sanityasa eling dan waspada. Sekar kenanga, supados sanityasa eling (terkenang)
sangkan paraning dumadi.
Kanthil supados tansah kumanthil,
penggalihipun tansah wonten tali rasa
kaliyan para leluhur, tiyang sepuh kanthi pangajab supados kita sanityasa
ngurmati.
9. Bubur pitung warni
Bahanipun
bubur putih utawi gurih inggih menika santen saha sarem, saha bubur abrit utawi bubur manis inggih menika
santen, sarem lan gendhis jawi. Salajengipun dipundamel dados pitung warni
inggih menika: bubur abrit, bubur pethak, bubur abrit silang pethak, bubur
pethak silang abrit, bubur pethak tumpang abrit, bubur abrit tumpang pethak,
bubur baro-baro (bubur pethak dipunsukani sisiran gendhis abrit saha parutan klapa
sacekapipun).
Saben
jinis bubur gadhah teges piyambak-piyambak. Bubur abrit minangka lambang saking
ibu. Bubur pethak lambang bapak. Lajeng wonten hubungan silang menyilang, timbal-balik,
lajeng wonten bubur baro-baro minangka pralambang lairipun putra. Perkawis
menika nggambaraken ilmu sangkan,
asalipun manungsa. Dados pepiling supados kita ampun ngantos nguciwani tiyang
sepuh.
8.
Arta (uang logam)
Arta minangka pratandha
saking bandha donya.
9.
Piranti sanesipun
1) Ron
pisang sacekapipun
Ron
pisang dipunginakaken kangge lemek tumpeng. Ron pisang minangka lambang
kasuburan lan pertumbuhan.
2) Kalo
Kalo ingkang
dipunginakaken kedah enggal utawi dereng nate dipunginakaken. 3) lemper
saking siti lempung ingkang enggal utawi dereng nate dipunginakaken. Lemper
minangka pralambang saking bumi (siti). Sekul tumpeng saha sedaya ubarampenipun ingkang
dipunseleh wonten kalo menawi boten diparingi lemper saged nggoling. Menika minangka
pratandha bilih kita prayoginipun nglampahi
gesang wonten ing donya kedah wonten keseimbangan
utawi harmonisasi antawisipun
jasmani lan rohani, sehingga dados manungsa sejatos ingkang mardika lair batos.
4) Sate
ingkang dipuntancepaken wonten tumpeng
Urut-urutan sate saking
ngandhap inggih menika: cabe abrit (dipuntancepaken kanthi horizontal), brambang, tigan ingkang sampun dipungodhog lajeng
dipunonceki kulitipun (dipuntancepaken kanthi vertical), dan lombok abrit (dipuntancepaken kanthi vertikal).
Sate dipuntancepaken wonten pucuking tumpeng.
Teges
saking sate menika bilih pagesangan menika kebak raos pait, manis, getir,
pedhes lan gurih. Kangge tumuju wonten Hyang Maha Tunggal kathah sanget
pepalangipun. Sate dipuntancepaken wonten pucuking tumpeng ngandhut piwulang
bilih kangge nggayuh kamulyan gesang wonten ing donya lan sasampunipun tiyang
menika seda gumantung kaliyan tiyang menika piyambak.
Pratelan
Waosan
Aprilia,
Erlinda.
http://mymelody2erlinda.blogspot.com/2012/05/antropologi-selametan-watom.html dipunpundhut tgl 29 April 2013
wanci 14:00.
Hadiatmaja, Sarjana.
2011. Etika jawa. Yogyakarta: Grafika
Indah.
Hadiatmaja, Sarjana dan
Kuswa Endah. 2010. Filsafat Jawa. Yogyakarta: Kanwa Publisher.
______________.
2009. Pranata Sosial Jawa. Yogyakarta:
Grafika Indah.
Poerwodarminta, W.J.S.
1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B Wolters Uitgevers
Maatschappij N.V.
Pringgawidagda,
Suwarna. 2011. Tata Upacara dan Wicara Pengantin Gaya Yogyakarta. Yogyakarta:
Penerbit Kanisius.
Santosa, Imam Budi.
2011. Investasi Menuju Sukses Alam
Manusia Jawa. Yogyakarta: Memayu Publishing.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar