Total Tayangan Halaman

Senin, 11 November 2013

News Feature
PNS Tansah Dados Idola Mayarakat
Sulistyani (11205244007)



Wontening pengangkatan (CPNS) Calon Pegawai Negeri Sipil tansah mbeta raos bingah dhateng masyarakat Indonesia ingkang tansah ngantu-antu. Wonten ing taun 2013 menika pamarintah mbikak rekkrutmen CPNS kanthi wonten 5 jalur inggih menika jalur pelamar umum, honorer kategori 2, formasi khusus kangge dokter, seleksi kangge tenaga ahli tartamtu ingkang boten wonten ing lingkungan PNS, lan seleksi calon sisiwa ikatan dinas.
            PNS minangka salah satunggaling profesi ingkang tansah dados idola masyarakat katandhingaken kalihan profesi sanesipun kados ta dagang lan wiraswasta. Saben wonten pambikakan pendaftrana CPNS masyarakat tansah rame-rame daftar nyobi kabegjanipun. Boten namung lulusan saking pawiyatan luhur ananging ugi katah ingkang lulusan SMA. Seleksi CPNS dados magnet ingkang kiat sanget narik kawigatosan sedaya masyarakat.
            Upiya masyarakat supados saged lolos seleksi kathah sanget. Kathah ingkang usaha ngangge cara positif lan wonten ugi ingkang ngginakaken cara negatif. Salah satunggaling cara ingkang saged dipunlampahi kangge mangertosi sampun dumugi pundi anggenipun nyamektakaken piyambakipun inggih ndherek tryout CPNS. “Menika upiya kula kangge nyamektakaken tes CPNS”, ngendikanipun Eka salah satunggaling pandherek acara tryout CPNS ingkang dipunadani ing toko buku Toga Mas Jln. Afandy Yogyakarta ing 28 September 2013.
            Wonten mapinten-pinten perkawis ingkang nyebabaken PNS dados profesi idola masyarakat, antawisipun amargi angsal dana pensiun, aman, dados kebanggaan lan sugih. “Dados PNS menika menika enak, angsal pensiunan, kenging kangge sangu ing dinten sepahipun lan angsal gaji ke-13”, ngendikanipun Arum salah satunggaling warga. Sanajan gajinipun boten katahah sanget, kanthi wontening dana pensiun saged narik kawigatosan ingkang langkung kathah wonten ing masyarakat. Panganggep masyarakat ingkang kados mekaten menika boten uwal saking kanyatan ingkang dipunpirsani ing padintenanipun.

            

Tidak ada komentar:

Posting Komentar