Total Tayangan Halaman

Senin, 11 November 2013

STRAIGHT NEWS
SIMULASI TES CPNS
Sulistyani (11205244007)

Simulasi tes CPNS (Calon Pegawai Negeri Sipil) dipunadani wonten ing toko buku Toga Mas jln. Afandy Gejayan  dinten Setu (29/09/2013). Simulasi menika minangka sarana kangge gladhen ngadhepi tes CPNS ingkang dipunadani wulan November mangke.   Simulasi menika dipunadani kanthi asil kerjasama Diva Press, toko buku Toga Mas lan Staedtler. Ngantos data menika dipunpendhet panitia dereng mangertos cacahipun pandherek simulasi. “Jumlah peserta belum pasti karena masih ada yang belum datang”, ngendikanipun Muna, panitya adicara menika. Ananging miturut daftar peserta, pandherek ingkang kadaftar langkung saking 100 tiyang. Sinten kemawon ingkang badhe ndherek ing simulasi menika saged daftar saderengipun tes kawiwitan.


Tes simulasi menika dipunlaksanakaken wonten ing toko sisih inggil (lantai dua) kanthi cara lesehan. Acara
kawiwitan milai tahuh 15.30 ngantos tabuh 17.00. Eka, salah satunggaling pandherek saking Sleman mangertos wontening acara menika saking koran Tribun.


Kangge ndherek simulasi menika saben pandherek kedah mbayar Rp45.000. Saben pandherek angsal piranti nyerat, buku komplit tembus tes CPNS semua departemen lan snack. Wonten ugi hadiah ingkang sampun dipunsamektakaken arupi HP, Goddie Bag Staedtler lan Goodie Bag Toga Mas.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar