TATA WICARA MIDODARENI
Pratelan waosan:
Pringgawidagda, Suwarna. 2011. Tata Upacara dan Wicara Pengantin Gaya Yogyakarta: penerbit KANISIUS.
Nuwun,
Sanggyaning para rawuh ingkang
kinurmatan kawuryan saking mandrawa risang calon penganten miwah
sapengombyongan sampun arsa prapta ing wismaning pamengku gati. Praptanira calon penganten miwah pengombyong
ngaturaken pambagya kawilujengan.
---------------------------(gendhing
Ladrang Sri Wilujeng)--------------------------------------------
Nalika saman risang calon penganten
kakung miwah pangombyong sampun kepareng mratitisaken satataning lampah. Sinengkuyung
mring para kadang miwah sentana, karsanipun Bapak-Ibu. . . ingkang arsa
bebesanan kaliyan Bapak-Ibu... kawuryan saking mandrawa kathik ngasta saniskaraning
ubarampe srah-srahan, manekawarni wujud, lan warninira.
Wus tinata lampahing risang calon
penganten kakung miwah pangombyong. Ingkang wonten ing ngarsa nun inggih
tetungguling lampah Bapak... sapungkurnya Bapak-Ibu...nganthi risang calon
penganten kakung nun inggih Bagus ... Lmpahira kadherekaken para kadang sentana
kang sawega jumurung mring karsaning kang arsa bebesanan.
Ing driya baraya agung Bapak-Ibu...
tansah amuji syukur mring ngarsane Pangeran awit tindaksira sampun jinangkung
mring Gusti kang Mahawelas lan asih. Rahayu widada lampahnya saking... dumugi
wonten ing... nenggih ing wismanira sang pamengku gati Bapak-Ibu...
Dupi uninga praptanira calon besan
sabregada, Bapak-Ibu... miwah kulawarga age-age mangayubagya kanthi ajejawat
asta, sarwa-sarwi mranani ing galih, esem tansah sinungging ing lathi
mratandhani sukaning galih sang pamengku gati. Kadi pundi ta datang suka? Calon
besan sampun kasdu ngathi sang Abagus ... calon penganten kakung. Rawuhipun
calon besan sakulawangsa, tumuli kaaturan palenggahan ingkang sampun cumawis.
Nalika semana Bapak... kang pinatah dados manggalaning lampah suka sasmita
mring para kadang mudha amrih mratitisaken ing satataning sasana, ngayahi
tumapaking adicara. Para tamu kepareng lenggah ing papan ingkan piniji.
--------------------------(gendhing
sigeg)----------------------------------------------------------------
Keparenga kula ingkan kajibah
mratitisaken tata rakiting adicara. Menggah adicara ing dalu menika rinacik
mekaten:
Ingkang sepisan pambuka
Adicara ingkang kaping kalih atur pambagyaraharja
Saparipurnaning adicara pambagyaraharja, tumuli
ngacik titi laksana wedhar-tumanggaping gati, minangka adicara ingkang kaping
tiga miwah kaping sekawan.
Kalajengaken lung-tinampi srah-srahan, minangka
adicara ingkang kaping gangsal.
Adicara ingkang kaping enem inggih menika tilik
nitik, kalajengaken kembul bujana minangka titi laksana ingkang kaping pitu.
Titi laksana ingkang salajengipun atur pamit saking
kulawarga calon besan sarta badhe tinanggapan mring pamengku karsa.
Pethiting titi laksana, calon penganten kakung badhe
pinaringan busana kancing gelung.
Kapungkasan
kanthi panutup.
Mekaten kalawau menggah adicara ing dalu menika, sumangga
adicara binuka kan thi dedongamanut agami lan kapitayanipun piyambak-piyabak.
Sumangga kula dherekaken.
-------------------------(ndedonga)-----------------------------------------------------------------
Matur nuwun, mugi Gusti kang
Mahakawasa kersa paring sih nugraha satemah tumapaking karya saged kalis
sambekala. Para tamu ingkang kinurmatan, sawetawis panjenengan lenggah, pramila
kepareng ingkang hamengku gati Bapak-Ibu... badhe ngaturaken pambagyaraharja.
Dene ingkang minangka wakilipun nun inggih Bapak.... Dhumateng Bapak ...
sumangga.
----------------------------------(pambagyaraharja)-------------------------------------------------------
Matur nuwun wonten ngarsanipun
Bapak..., tumuli kalajengaken wedharing gati saking kulawarga calon besan. Dene
ingkang kepareng mbabar pangandikan nun inggih Bapak... Sasana miwah
pandayaswara kula sumanggakaken!
--------------------------(wedharing
gati)-------------------------------------------------------------------
Wedharing gati sampun kababar mring
panjenenganipun Bapak... salajengipun keparengan Bapak... dipunampingi
Bapak-Ibu... nampi sedaya syarat sarana srah-srahanpaningset. Dipunawiti kanthi
ajejawat asta. Sumangga ingkang sepisan pisang sanggan kaaturaken Bapak...
dhumateng Bapak.... Pisang sanggan kalajengakenkaaturaken Ibu pamengku gati.
Amrih jangkeping gambar foto miwah video kepareng Bapak-Ibu... nampi piyambak
sedaya ubarampe srah-srahan. Sumangga.
-------------------------------(tumanggaping
gati)---------------------------------------------------------
Wedhar tumanggaping gati sampun
paripurna, awit saking keparengipuningkang mengku gati, sukaning galih,
panjejengan kaaturan kembul bujana kanthi ladi pribadi utawi prasmanan. Mligi
kangge Ibu-ibu saking kulawarga calon besan, saderengipun kembul bujana
kepareng tilik nitik (nitipriksa) kados pindi kasamaptanipun calon penganten
putri wonten panti busana. Sumangga keparenga para pinisepuh ngrumiyin amrih ingkang
mudha boten jeguh prakewuh! Tumuli keparenga kula badhe mbabar menggah
tumuruning wahyu kembar mayang.
------ (ibu-ibu tilik nitik, tamu
dhahar, pranata adicara cariyos kembar mayang model Jaka Tarub- Nawangwulan
saged kawaos ing perangan pungkasan bab menika)---
Wus paripurna kembul bujana, lah
mekaten cariyos kembar mayang, pramila sampun dumugi wancinipun
kalamunkulawarga calon besan ngersakaken kondur. Pramila dhumateng Bapak...
kersaa jengkar saking palenggahan badhe mundhut pamit. Sumangga!
----------------------------(atur
pamit)----------------------------------------------------------------------
Tumanggaping atur pamitan badhe
kasariran Bapak... Sumangga!
----------------------------------(tanggapan
atur pamit)---------------------------------------------------
Salajengipun kepareng Bapak-Ibu...
jumeneng jajar aben ajeng kaliyan calon penganten kakung. Bapak... badhe paring
busana kancing gelung dhumateng dhimas... Mekaten ta pangandikanya lamun
kawijil ing lisan:
Bapak: Nakmas... maragage tampanana
busana kancing gelung iki, minangka busananira lamun sira ngayahi wajib ing
dina besuk!
Calon penganten pria: “Sendika
Bapak... kila tampi sarta nyuwun tambahing pangestu”.
Dene ingkang Ibu... badhe ngaturaken
angsul-angsul konjuk calon besan. Pramila sumangga Ibu... ingkang kepareng
makili kulawarga besan kepareng nampi.
Kanthi mekaten sampun paripurna
adicara midodareni ing dalu menika. Kula sakadang ngayahi kalamun wonten solah
bawa miwah muna-muni ingkang kirang mranani ing penggalih nyuwun pangaksama.
Kula pribadi minangka pambiwara, kalamun wonten kithaling basa, ceweting ukara,
mugi paduka para tamu kersa paring pangaksama. Sugeng kondur, sugeng dalu. Nuwun.
B. WICARA PASRAH
Nuwun.
wonten ngarsanipun para pinisepuh,
kasepuhan ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh ingkang minulya, para tamu
ingkang sinungga ing kabagyan, langkung-langkung wonten ngarsanipun
Bapak... ingkang minangka sesulihipun Bapak-Ibu...
ingkang kinurmatan. Kula minangka badaling wacana sinambeting raga Bapak-Ibu...
Nun inggih calon besan keparenga matur:
pisowan kula sakadang ing papan
ginanjar kawilujengan awit saking sihing Gusti kang Maha Agung. Pramila kula
sakadang tansah ngaturaken puji syukur pamuji rahayu mring ngarsaning Gusti
kang Mahawelas lan Mahaasih.
Kula ugi ngaturaken sewu agunging
panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene pisowan kula pinahargya kanthi mirunggan,
grapyak semanak, somengguh ing pasedherekan. Sedaya kalawau nedahaken luhuring
budi kulawarga Bapak-Ibu...
Bapak... kula ngaturaken salam taklim
wonten ngarsa panjenengan, sarta salam pakurmatan dhumateng Bapak-Ibu... saha
sungkem katur para pinisepuh ingkang minulya.
Sowan kula sakadang sapengombyongan kinanthenan
syarat sarana majemukan srah-srahan kinarya tandha taliningsih saha antebing
tekad kula badhe bebesanan kaliyan panjenengan sekaliyan Bapak-Ibu....
Antawisipun pisang sanggan kinarya patandha bilih anakmas calon penganten
kakung nun inggih Bagus... sampun sawega hanampi gesang, samekta ing palakrama,
kasdu paring pangayoman hangayomi Nimas... nun inggih calon penganten putri.
kajawi menika uga ubarampe sanesipun manut tatacara adat Jawi, sarta buwuh
redana harta kinarya pinungsun mugi amrih saged suka pangentheng-entheng
anggenipun miwaha putra mahargya siwi.
Bapak-Ibu... ingkang minulyeng budi,
kula sakadang ugi nganthi calon penganten kakung, nun inggih anakmas Bagus...
sowan wonten ngriki saperlu ndherek nyantri, nyenyadhong sih wewarah panjenengan
sekaliyan sarta para winasis kinarya dedamar anggenipun badhe dhaup palakrama.
Ing dalu menika ugi, kula masrahaken calon penganten kakung wonten ngarsa
panjenengan. Lamun sampun dumugi wancinipun karsa kadhaupaken kaliyan Nakmas
Ayu...
Bokmenawi sowan kula sakadang sapegombyong
wonten tuna dungkaping atur saha solah bawa kula ingkang nyuwunaken
pangapunten. Kula pribadi bokmenawi wonten kalepatan anggen kula matur, jenang
sela wader kalen sesondheran, anagpura yen wonten lepat kula. Nuwun.
C. WICARA TAMPI
PAMBAGYARAHARJA
Nuwun,
Wonten ngarsanipun Bapak... minangka
duta saraya saking panjenenganipun Bapak-Ibu... ingkang satuhu kinurmatan.
mekaten ugi sedaya kadang pangombyong ingkang sinungga ing akarami, sarta para
rawuh ingkang sinuba ing kawilujengan.
Kula minangka wakilipun Bapak-Ibu...
tansah amuji sih palimarmaning Gusti ingkang sampun ngrumentahaken kabagyan,
kamulyan sarta kawilujengan dhumateng baraya agung Bapak-Ibu sapengombyong sarta
para tamu ingkang minulya.
Bapak... salam taklim panjenengan
sampun kula tampi kanthi tinarbukaning manah. pakurmatan dhumateng Bapak-Ibu...
handadosaken toya kekiyatan mrih sentosa anggenipun badhe hamiwaha putra, ngentas
pitulus ingkang putri kinasih. Sungkem paduka dhumateng para pinisepuh
ndadosaken hayoming kalbu mugi hanambah kekiyatan hanggenira hamengku putra
tumekeng putu. Mekaten ugi kula ngaturaken salam taklim katur wonten ngarsa
panjenengan, salam pakurmatan dhumateng ingkang handuta panjenengan, sarta
sungkem pangabekti konjuk para pepundhen miwah kasepuhan.
Sarawuh panjenengan sedya kula
ngaturaken pambagya kawilujengan sinartan pepuji mung tansah sumandhing ing
katentreman sarta karahajan, tinebihaken ing sarusiku, kalis ing sapu dhendha
satemah yuwana nir ing sambekala.
Kajawi menika kados kadhawahan daru
wahyuning kamulyan, manggih cepaka mulya ing satengahing marga dupi kula mireng
ingkang dados dhawuh pangandikanipun Bapak... . Rawuh penjenengan saestu
ndadosaken suka renaning manah kula. Sedaya kalawau kinarya pratandha supeketing
paseherekan. Kathik rawuh panjenengan taksih kasdu ngasta ubarampe uakarta
majemukan srah-srahan. Sedaya kalawau handadosaken mongkoking namah kula sarta
nedahaken kalamun panjenengan trahing Jawi ingkang satuhu pana ing
kalungguhaning buaya adat tatacara Jawi. paringan panjenengan kula tampi kanthi
lumahing asta sarta bingahing manah. Kula boten saged atur piwales menapa-menapa
kajawi hamung munjuk mring ngarsaning Gusti, mugi Gusti kang Mahamirah paring
lelintu ingkang sakalangkung murakabi tumrap kulawarga panjenengan.
Mekaten ugi, tumrap pasrahing calon
penganten kakung Nakmas Bagus... saestu kula tampi sarta ndadosaken remening
manah, calon penganten badhe nyantri ing papan menika. mugi hinawuyan Gusti
kang Mahahayu satemah rahayu kang samya tinemu sinengkuyung para pepundhen kang
tansah hamuji rahayuning kang samya dumadi.
Kalamun sampun dumugi ing wahyaning
mangsa kala Anakmas Bagus... badhe kula dhaupaken kaliyan anak kula pun Nini...
Panyuwun kula mugi karsa paduka suka pepuji mrih sageda lulus raharja ing samudayanipun
ngantos paripurnaning gati.
Mugi sekeca anggenipun lenggahan sinambi
bawarasa bawakarsa kaliyan para kadang tamu ngantos paripurnaning adicara.
Kalamun para kadang kaneman pramubujana sampun kepareng ngaturaen pasugatan
unjukan, nyamikan saha dhaharan kersa ngrahabi kanthi mardikaning penggalih.
Bokmenawi anggenipun ngacarani rawuh
paduka kirang gupuh ing aruh, mungguh ing lingguh dhahar ingkang kirang lawuh,
mugi panjenengan sedaya kersa nglumunturaken sih gunging samudra pangaksama.
Nuwun.
D. WICARA
TURUNYA KEMBAR MAYANG
Sruh
rep data pitana, pundi ta sasana ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka marang
sawiji, adi linuwih, dasa sepuluh purwa kawiwitan. Hanenggih Kahyangan
Jonggring Salaka, ya Kahyangan salendra Bawana kang minangka bebukaning kandha,
purwakaning carita. Hanenggih sasana Kahyangan Salendra Bawana, ya Kahyangan
Jrongging Salaka. Satunggaling papan ingkang panjang apunjung gemah ripah loh
jinawi. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, gemah ripah loh jinawi,
sarwa subur kang tinandur, sarwa murah kang tinuku. Yen rina tan krasa benter,
lamun padhang ora mblerengi, datan weten peteng, anane mung sarwa edi, ayem,
tentrem, edhum lan adhem.
Panjang
dawa pocapane wus kawentar Kahyangan Salendra Bawana ing jagad triloka. Tri wis
ngarani telu loka aran sasana, arane jagad ya jagading kadhewatan, jagading
para manungsa, sarta jagad kajiman. Jagad kadhewatan jagade para dewa-dewi,
bathara-bathari, widodara-widodari. Jagading manungsa, ya jagading para titah ing
marcapada. Jagading alam kajiman, nenggih papanira para jim priyangan, setan,
anthek-anthek banaspati kang dumunung ing alam ghaib datan kasat netra.
Punjung
luhur kawibawane, alam kadhewatan papane para dewa kang sugih ngelmu jaya
kawijayan, guna kasantikan, miwah kemandhen. Marma winastan janma mara janma
mati, sato mara sato mati. Boten saben titahing manungsa sarta jim ingkang
kumawantun lumebet ing Kahyangan Jonggring Salaka. Sedaya wau nambahi kaluhuran
saka kuncaripun Kahyangan Salendra Bawana, ya Kahyangan Jonggring Salaka.
Gemah
ripah loh jinawi, sarwa subur kang tinandur, sarwa murah kang tinuku, yen siang
tan krasa benter, yen dalu datan asrep, lamun padhang ora mblerengi, datan
wenten peteng, anane mung sarwa edi, ayem, tentrem, edhum lan adhem.
Marmanta
kawastanan mangkono, sanadyan kathah titahing Gusti ingkang sinangga ing
pratiwi kaungkulan ing angkasa, jinepit mring samodra, parandene kathah
titahing Gusti kang samya anggana raras... hing...
Kang
minangka sambeting carita, boten kadi ta kang kawuryan ing salebeting prataman
Kahyangan, ya patamanan kawidodaren. Patamanan kang endah sinawang, edi lamun
dinulu, anjrahing puspita manekawarna kang angambar arum gandane. Sekar ing
patamanan samya anjrah angurah sari, angumbar ganda, gandane angambar-ambar,
sumebar ngantos hangebaki sasana Kahyangan Jonggring Salaka. Sekar awarni
rekta, wilis, seta, jenar, nila, bintulu, miwah ungu kadya hangundang bremara
kang sigra samekta angisep sarining puspa. Swasana rinaos ayem, temtrem, adhem,
lan edhum.
Kocap
kacarita, patamanan kang adi mangka datan bisa gawe sukaning manah para
widodari. Raos jelih ing galih, raos bosen ing manah, datan jenjem kalamunsaari-ari
hamung lelangen ing madyaning patamanan kawidodaren. Marma tuwuh karekatnya,
denya arsa linggar saking patamanan. Widodari pitu cacahe Dewi Iring-iring,
Tunjung Biru, Dewi Warsiki, Leng-leng Sari, Leng-leng Mandhani, Dewi Prabasiwi,
miwah Dewi Nawangulan, wus golong gilig manunggaling karsa, ancas oncat saking
alam kadewatan, ngenggar-enggar penggalih, ngupaya senenging nala.
Gancaning
carita, para widodari wus nganglang jagad mider bawana. Ing madyaning akasa,
para widodari uninga sumoroting cahya, pating karelap, sumunu hanelahi. Tuwuh
rasa cubriya jroning nala, sang widodari sigra marepegi dumununging cahya. Saya
caket nggenira marepegi, saya cetha, saya hangelela, jebul cahya sumunar pating
galebyar saking telenging talaga, takala her sinorot yang bagsakara. Marma
ombaking warih pating galebyar, pating calorot lamun ginantha ing wardaya kadya
mutyara binabar. Weninging toya nuwuhaken raos pemencut, endahing talaga,
widodari samya kapilut. Saking weninging toya talaga ngantos para wina kawuryan
nggenya samya suka-suka kadya mbeksa ing telenging talaga mangayubagaya
praptanira sang widodari.
Sang
bagaskara saya manther cahyane, mahanani rasa benter satemah nuwuhaken sumuking
sarira. Kenceng tekading para widadari kepengin matirta, ambyur ing talaga.
Remen ing galih sang widodari karaos seger ing sarira langen suka ing talaga.
Keladuking rasa suka satemah kirang ing wewika. Datan prksa lamuan ana jejaka
kang humiyat saking wingkinging wandira. Kedhep tesmak, sang jaka priksa
citranira para widodari. Sulistya ing warna, endahing warni, tanpa cacad.
Candrane rikma ngemak ngembang bakung, palarabane nyela cendhani, wimba
njalirit wulan tumanggal, idepe tumengeng ing tawang, netra blalak-blalak lir
bawang sabungkul, athi-athi ngudhup turi, talingan njepiping kadya jamur
kuping, pangarasane duren sajuring, grana ngrungih, lambene manggis karengat, waja
amiji timun, paminhangane nraju mas, kulit kuning nemu giring kadya mas
sinangling, payudrane nyengkir gadhing, dedeg piadege dhuwur lencir, saweneh
wonten ingkang sedheng, hamaringing sungsang, sarira padhet singset sarta
weweg, silike asuthang walang, sempole angembang pundhak, drijine tinata runtut
kaya sirahe ula cabe. Kalamun kacandra sang widodari turah rupa kang candra,
kathik taksih wimbuh ganda arum kang mijil saking sarira.
Kapincut,
gandrung kapirangu sang bagus mring kasulistyaning para widodari, satemah tuwuh
karekatnya denya arsa kepengin amundhut garwa lambang asmara. Nanging telenging
manah nduwa karsaning sedya, dene amung titah sawantah kagedhen panjangka,
salokane cebol nggayuh lintang, katepang nggrangsang gunung. Anging hardaning
kanepson datan bisa den suyuti. Weninging galih kasoran mring ubaling rasa
tresna. Nguntir budi, amulur pikir sang jaka mrih kelakon sedyane. Tuwuh tekade
tindak durjana arsa handhustha busananira sang widodari. Goteking kandha,
ujaring bakul sinambewara, widodari datan bisa ngantariksa, wangsul dhateng
alam kawidodaren lamun tan ngagem busana kawidodaren.
Kocap...kacarita,
sampun marem ing manah para widodari lelumban sarta lelangen ing talaga,
kepengin wangsul makahyangan. Kaget kagora satunggaling widodari dupi uninga
busananira ilang musna. Den upadi kanthi premati paradene datan pinanggiya,
sangsaya tambah nalangsa sang widodari dene para kadang samya tega nilar
ngantariksa, marma tuwuh prasapanya:
“Sing
sapa bisa menehi busana marang awakku, lamun wanodya dakdadekake sedulur
sinarawadi, den lamun priya bakal daksuwitani.”
Mireng
prasapanipun sang dewi, bingah ing manah sang jaka dupi badhe kasembadan
nggarwa sang widodari, jumedhul sang jaka saking gumuk gegrumbula. Lingsem sang
widodari, mundur anyingkur, ambyur ing tlaga. Sang jaka kang ngasta busana
manungsa lumrah sigra marepegi sang dewi maringake busana.
“Kula
matur nuwun sanget, dene panjenengan paring pitulungan dhateng kula ingkang
nembe nandhang cintraka awit kecalan busana kawidodaren. Kula boten badhe
nyelaki prasapa kula, panjenengan mesthi sampun midhanget. Panjenengan menika
sinten sang jaka, sarta wonten kersa ingkang kados pundi dene manjing ing
satengahing wana, leledhang ing pinggirng talaga.”
“Saderengipun
kula walaka, Nimas menika sinten? Kok piyambakan matirta ing tengah talaga,
kamangka talaga menika ing tengahing wana gung liwang-liwung, boten ajrih
saking sato kewan galak, sima ambaung, sawer anyander.”
“Inggih,
kula pun Nawangwulan.”
“O...,
kula pun Jaka Tarub. Dene kula mriki awit manut ebahing suku, krenteging manah
ingkang tasah anyeret, anggeret, satemah dumugi ing tengahing wana, pinggiring
talaga, lan kula mireng prasapanipun panjenengan.”
Gancanging
kandha, Dewi Nawangwulan kagarwa sang Jaka Trub. Datan cinarita nggenira mangun
asmara, mangun kabagyan kulawarga. Wus titimangsa sang dewi mijilaken pratima
kang atata jalma nengging putra kang bisa dadya talining brayat, atmaja
minangka rerengganing balewisma. Putra mijil putri pinaringan nama Dewi
Nawangsih.
Nalika
semana Dewi Nawangwulan ngayahi wajibing istri, tumuju sendhang nggirahi
agemanira sang Jaka. Saderengipun bidhal sarwi weling:
“Kakang
Jaka Tarub, aku meling marang panjenengan. Aku lagi adang ing dandang, aja
pisan-pisan panjenengan mbukak kekebing dandang nganti aku bali saka sendhang.”
“Iya
nimas, dakestokake piwelingmu.”
Sawetara
suwe, tindakira sang Dewi Nawangwulan ing sendhang tan wangsul. Dewi Nawangsih
beka, nuwun kekejer anggeranta ati. Den
kudang datang mendha, den kekidung tangis bayi malah gawe bingung. Sedhih
manahing sang Jaka Tarub awit tangising sang jabang bayi. Ing salebeting nala
kandha:
“E...
bokmenawa bocah iki luwe.”
Sang
Jaka tumuli pados boga ing salebeting wisma, nanging datan pinanggya. Tuwuh
pangarsa bilih anggenipun adang ingkang garwa sampun mateng dados sekul. Nalika
badhe mbikak ungkebing dandang enget welingipun sang dewi satemah mandheg mangu
sang Jaka, nyabaraken sedya. Nanging Nawangsih saya kekejer anggenira nangis.
Boten kiyat sang Jaka Tarub mireng tangising putra, nekad ambuka kekebing dandang.
Kaget sang Jaka, sapandurat datan bisa micara, dupi uninga kang diadang amung
pari sawuli.
“E...
pendah-pendah widodari yen adang mung pari sawuli wis bisa nyukupi sakulawarga
sabendinae. Mula lumbungku kaya-kaya ora kalong. Jebul Nawangwulan yen adang
mung pari sawuli.”
Ajrih
mring welinging garwa, kekeb dandang enggal kawangsulaken. Nalika sang Dewi
wangsul saking sendhang, putra enggal kagendhong meneng, cep klakep ing
pangkoning ibu. Enget bilih sang Dewi nembe adang badhe ningali bokmenawi
sampun mateng. Kados menapa ta kagetira sang Dewi bilih anggenipun adang taksih
wujud pari sawuli satan kados adat sabenipun. Semu duka sang Dewi pitaken:
“Kakang
Jaka Tarub, panjenengan ora nuhoni pawelingku. Panjenengan mbukak ungkebing
dandang.”
“Iya,
Nimas dakselakana, akau ora bisa suwala, jalaran bukti wis cetha. Kabeh mau mung
amarga atiku ora tega, kareranta mring tangising anak sing ora kemba, kekejer
ora gelem meneng. Dakkekudang, dakkekidung tetep ora meneng, bokmenawa luwe,
mula aku benjur golek sega, nanging ora ana, nganti kepepet aku mbukak
ungkebing dandang, nanging kok mung pari sawuli.”
“
Ya, iku salah sawijining kaluwihanku Kakang, nanging saiki wis cabar. Aku ora
nyalahake marang panjenengan. Kabeh mau kathik amarga tresna penjenengan marang
anak. Nanging rehning penjenengan wis salah kudu gelem nampa paukumane.”
“Ya,
iya Nimas, apa wae paukumane bakal daktampa, kabeh mau mung saking tresnaku
marang si Nawangsih.”
“Saiki
mangkene Kakang, wiwit saiki yen arep adang kudu gawe beras. Carane pari kudu
ditutu amrih dadi beras. Kanggo nutu, penjenengan kudu yasa lesung lan alu.”
“Bakal
daklakoni Nimas. Saiki uga aku njaluk pamit golek kayu kanggo gawe lesung lan
alu.”
“Iya,
Kakang, sing ngati-ati.”
Saya
dangu, pari ing lumbung sangsaya telas. Satunggaling wekdal, Dewi Nawangwulan
manggihaken busananipun nun inggih busana kawidodaren ing tengahing lumbung.
Tuwuh panyakrabawa lamun ingkang nyidra busananipun inggih ingkang garwa, sang
Jaka Tarub. Rehning sampun amanggihaken busananira, sang Dewi badhe wangsul
makayangan.
“Kakang
Jaka Tarub, bokmenawa wis dadi pepesthene. Aku kudu pisah karo penjenengan lan
anakku Nini Nawangsih. Satemene aku ora tega ninggalake penjenengan, apa maneh
si Nawangsih kang lagi nedheng-nedhenge mbutuhake ibu. Nanging iki ora bisa
diselaki. Aku wis nemokake busanaku, Kakang, tegese aku kudu bali ing alam
kawidodaren.”
“Nanging
Nimas, anakmu, Nini Nawangsih, isih bayi abang, kang ora bisa pisah marang kang
ibu, mbutuhake katresnanmu, mbutuhake kudang lan kekidungmu.”
“Satemene
aku uga kareranta ati, Kakang, kudu ninggalake panjenengan lan Nawangsih sing
isih bayi. Nanging aku kudu bali makayangan, wis dadi pepesthen, mundhak dadi
pangarep-areping para widodari, wis sauntara aku ngladeni panjenengan. Nanging
aja sumelang, Kakang, sawayah-wayah aku tetep momong lang ngudang anakmu, ya
anakku si Nawangsih. Syarate panjenengan ngobong merang ing tengah latar. Banjur
besuk yen wis wayahe palakrama, aku dhewe kang bakal paring sumbaga marang
anakmu si Nawangsih. Sarate panjenengan samektakake kembar mayang, yaiku
wewangunan kang digawe saka janur rinajut, mawa manuk-manukan, pecut-pecutan,
sarta maneka warna ron lan kembang. Kang pungkasan, lilanana aku kepengin
mbopong angudang anakmu s Nawangsih. Wis Kakang aku nyuwun pamit.”
Paripurna
angudang sang jabang bayi, Dewi Nawangwulan ngantariksa kairing tumetesing luh
sang Jaka Tarub lan Dewi Nawangwulan,
nanging eloke si jabang bayi malah mesem. Sajake sang jabang bayi kang maksih
suci weruh mring jatining lelakon.
Ginula
wenthah kanthi tresna ingkang kathah, kinudang-kudang mawi tembang, ginala-nala
mring endah luhuring budaya, Dewi Nawangsih wis dewasa. wus tekan titimangsa arsa
dhaup palakrama sang Dewi kadya calon penganen... Ing dalu menika ing sasana
sumbaga risang calon penganten sinumbaga priyangga dening sang Dewi
Nawangwulan. Marma citranira risang calon penganten kawuryan saya sulistya,
sumorot cahyane, endah warnane, pindhane kadya widodari. Hayu kasulistyane
datan kasoran mring widodari ing Kahyangan Salendra Bawana. Umpama ing
Kahyangan ana widodari sakethi kurang sawiji jangkepe risang calon penganten
putri. Marma ing dalu menika winastan malem midodareni.
E. PAMITAN
Nuwun.
Panjenenganipun Bapak... ingkang
minulya. Boten kendhat ing panuwun kula, bilih pisowan kula sampun pinahargya
kanthi kebak ing rasa pasedherekan nanging boten nilar ing pakurmatan, kanthi
tititrapsilapanampining tamu nun inggih gupuh, lungguh sarta suguh. Rehning
sampun sawetawis pisowan kula sarta sampun lebda ing karya, keparenga kula
sakadang sapengombyong nyuwun lilah, nyuwun pamit, selak kumudu-kudu atur
uninga dhumateng ingkang handhuta kula, kawontenan ingkang ngremenaken menika.
Kula nderek titip anak kula Anakmas
Bagus... cumondhok wonten ing riki mrih rancaking karsa ing adicara palakrama bebjing.
Kula nyuwun gungan keparengan kula sakadang bebjing wangsul saka paseksen sarta
paring pangestu ing adicara dhaup palakrama calon penganten sarimbit.
Sapengker kula mugi kulawarga ing
riki tansah ginanjar ing kawilujengan, hinayuwan mrih Gusti kang Mahahayu,
widada nir ing sambekala.
Saestu bokmenawi
pisowan kula akarya cumaning galih baraya agung ing riki, mugi paduka kersa hambedhah
tirtaning kawicaksanan, hambuka wiwaraning samodra pangaksama. kula nyuwun
pamit.
Nuwun.
E. ATUR SUGENG
KONDUR
Nuwun.
Panjenenganipun Bapak... ingkang
samulih sarira Bapak-Ibu... miwah pangombyong ingkang kinurmatan. Bombong
sukaning mana kula sakulawarga boten saged ginambaraken nampi panjenengan sedaya.
Langkung-langkung tumrap paringanipun paningset sarta srah-srahan.
Kula ambali prelu kawuninga bilih
dhauping calon penganten, Nini... kaliyan Nakmas Bagus..., badhe katindakaken
ing dinten ... Kemis Wage, 20 Rejeb 1426 H utawi surya kaping 25 Agustus 2006,
tabuh kaping 8 enjing. Saestu ing pangantu-antu kula tumrap rawuh panjenengan
sedaya, hanjenengi paring pangestu tumrap calon penganten anggening badhe natas
natas talining narmada lelumban ing samodraning gesang bebrayan kanthi dhaup
palakrama ing sangajenging pradataning agami.
Sakondur paduka, kula hamung memuji
mugi rahayu lampah penjenengan dumugi ing dalem sowang-sowang jinangkung mring
Gusti kang Mahaluhung.
Bokmenawi anggen kula nampi,
ngacarani rawuh penjenengan sakulawarga wonten keladuking wicara, nyebal saking
paugeraning tatakrami, kula nyuwun pangaksami. Ngaturaken sugeng kondur.
Sumangga!.
Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar