Total Tayangan Halaman

Sabtu, 21 Desember 2013

PROFIL BUDAYAWAN

Nguri-uri Budaya kanthi Nari

Nguri-uri  budaya Jawa menika perkawis ingkang wigati sanget kangge njagi kabudayan amrih tetp lestantun, sukur dadosaken langkung ngrembaka. Saya kathah budaya manca ingkang mlebet dadosaken saya mundur lan saya kagerus budaya Jawa. Sampun dados kuwajibaning para mudha ngupiya supados budaya Jawa boten kagerus jaman saha modernitas.

Salah satunggaling para mudha ingkang saged dados tuladha njagi budaya inggih mbak Ruly Anggraeni. Kenya sulistya kelairan Kulonprogo, 22 Juni 1992 menika sampun nyinaoni salah satunggaling kesenian Jawa inggih menika tari wiwit kelas 4 SD ngantos SMA. Ageng wonten ing kitha reog Ponorogo ingkang taksih ngupiya nglestantunaken tradhisi dadosaken hobi saha bakatipunpun langkung ngrembaka.
Mbak Ruly samenika kuliah wonten Universitas Negeri Yogyakarta (UNY) jurusan Pendidikan Bahasa Daerah semester gangsal. Panjenenganipun boten mendhet jurusan seni tari amargi panjenenganipun langkung remen Basa Jawi, saha miturut panjenenganipun nari menika namung hobi, boten kepengin dipundadosaken profesi. Boten mlebet jurusan seni tari boten dadosaken mbak Ruly boten saged nyaluraken hobinipun. Panjenenganipun ndherek pengurus HIMA saha asring nglatih tari wonten sanggar saha asring dipunajak dening mahasiswa jurusan seni tari ngisi Koreo 3. Wonten mapinten-pinten tari ingkang dipunkuasai dening mbak Ruly antawisipun: tari Jejer Jaran Dhawuk, Gambyong Pangkur, Golek Sri Rejeki, Golek Sulung Dhayung, Jathil Tari Reog Ponorogo, Tari Merak saha taksih kathah malih sanesipun.

Anak nomer kalih saking  pasangan Bapak Muh Jarwono kaliyan Ibu Tukinem menika sampun gadhah mapinten-pinten prestasi, antawisipun: Lima Penari Terbaik Duta Penari Ponorogo, Juara Umum Festival Reog Nasional, Finalis Duta Penari Jatim 2010, Juara 2 Duta Penari Kabupaten Ponorogo saha taksih kathah malih sanesipun. Ingkang badhe dolan wonten dalemipun mbak Ruly alamatipun wonten Jl. Petruk no. 28 RT 03/ RW 03, Brotonegaran, Ponorogo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar