CANDHI GEBANG
A. Papan
Penggenan

B.
Sejarah Panemoning Candhi saha Pemugaran
Wonten ing wulan November 1936 salah satunggaling warga desa ndhdhuk siti pados sela kangge bahan bangunan, ananging paculipun ngengingi satunggaling reca sela inggih menika reca Ganesha. Penemon menika lajeng dipun-tindaklanjuti dening Dinas Purbakala kanthi ngadani saperangan ekskavasi arkeologis. Saking kagiyatan menika dipunmangertosi bilih wonten papan reca Ganesha wonten sisa bangunan candhi ingkang sampun ambruk saha kapendhem sajroning siti. Nalika dipuntemokakaen ingkang saepisanan, candhi Gebang kawontenanipun ambruk, namung sisa perangan sikilipun candhi. Saking menika saged dipunmangertosi bilih candhi Gebang kapendhem lahar Merapi. Minangka upiya nglestantunaken paninggalan sejarah saha budaya, taun 1937 dumugi 1939 dipunadani pemugaran candhi ingkang dipunpandhegani dening Prof. DR. Van Romondt. Kajawi panemuan ingkang arupi bangunan, ugi dipuntemokakaen artefak-artefak sanesipun kadosta wadhah grabah, kotak batu berlubang (peripih), lingga sarta saperangan reca.
Sasampunipun paripurna dipun-pugar taun 1940 katingal wonten saperanga reca ingkang ngisi candhi sisih ler
saha sisih kidul. Wonten sisih kilen namung wonten reca Ganesha ingkang lenggah
wonten ing lapik awujud yoni. Ganesha
minangka dewa ingkang ngicalaken sedaya bebaya.
C.
Bangunan saha Sejarahipun Candhi
Ukuran dawa saha amba candhi Gebang sami inggih
menika 5,25 meter saha inggilipun 7,75 meter. Bangunan candhi madhep sisih
timur kanthi setunggal bilik ananging
boten wonten undhak-undhakan kangge mlebet saha wonten setunggal lingga wonten
salebeting candhi. Reca dewa ingkang njagi arah inggih menika Nandiswara wonten
ing sisih tengen papan mlebetipun bilik
candhi. Kedahipun wonten reca Mahakala wonten sisih kiwa papan mlebetipun bilik candhi ananging reca menika boten
dipuntemokakaen wiwit panemoning candhi Gebang. Kajawi menika ugi wonten setunggal
reca Ganesha wonten sisih kilen candhi.
Adhedhasar titikan arsitektur,
candhi Gebang dipunprakirakaken dipunbangun wonten periode sepuh inggih menika
antawisipun taun ± 730 dumugi taun 800 masehi. Titikan arsitektur menika ketingal
saking relief mustaka manungsa wonten
ing payon candhi. Titikan menika dipunwastani kudu. Relief kudu ugi saged
dipunpanggihi wonten candhi Bima ing candhi Dieng. Sisih timur candhi ugi
wonten tumpukan-tumpukan sela ingkang dinuga candhi Perwara. Sela-sela menika
kadosipun sisah dipun-pugar miturut
prinsip-prinsip arkeologis. Sela-sela menika sampun kathah ingkang dipunpendhet
dening yang ingkang cluthak.
Menawi dipunpirsani saking
arsitekturipun, candhi Gebang menika dipunprakirakaken dipunbangun wonten ing
abad-9, wekdal sasampunipun Dinasti Sanjaya saha Syailendra gabung kanthi
kramanipun Rikai Pikatan kaliyan Pramodiawardani. Perkawis menika ingkang gadhah
pengaruh pangrembakaning arsitektur
candhi ingkang kanthi simbolis
dipunwujudaken wonten ing candhi Gebang menika. Wekdal sasampunipun sinkretisme
arsitektural menika tumata wonten ing candhi-candhi Jawi Wetan ingkang
dipunbangun antawisipun abad X-XIV, nalika madegipun kraton Singasari dumugi
Majapahit.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar