Total Tayangan Halaman

Senin, 16 Desember 2013

OPINI PENDEK

Gendhut Jagal Kucing

Prastawa  iki  kadadean kira-kira  ing tahun 2010. Wektu kuwi kucingku lagi duwe anak cilik-cilik cacahe telu. Rupane sing abang loro lan sing belang telon siji. Disawang pancen katon lucu-lucu banget.
Ana salah sawijining uwong ing desaku kang kurang genep sithik. Uwong-uwong sadesa uwis padha ngerti menawa uwong kuwi mau pancen rada beda karo wong-wong normal. Anangin uwong-uwong saka desa liya ngertine wong kuwi mau ya normal, pancen polatane antarane ing desane dhewe karo ing daerah liya pancen beda adoh. Wong kuwi mau jenenge Gendhut, aku ora ngerti sapa jeneng asline, nanging wong-wong pada nyeluk nganggo parab kuwi.

Menawa ing desaku lan lagi kumat,  Gedhut  biasane mlaku karo ngomong dhewe. Embuh apa sing diomongne, mung yen dirungokne kaya wong nesu, kadhang malah misuh-misuh. Saliyane iku uga kerep njupuki barang-barang sing diseleh ana sumur mburi omah. Ananging yen ora lagi kumat, polatane ya kaya wong normal biasa. Malah katon apik lan grapyak banget. Mula ora gumun yen Gendhut kondhang ana ing daerah liya, kondhang amarga grapyak lan sumanake.
Ana ing sawijining dina, Gendhut mlaku-mlaku turut ing dalan-dalan cilik pinggir omah. Dina iku katone ora kumat amarga ora omong dhewe lan ora bengak-bengok. Wektu iku isih isuk, dadi ya wayahe wong padha masak ana pawon, kalebu ibuku. Ndilalah wektu kuwi ibuku lagi ana sumur mburi omah lan Gendhut lagi liwat ana ing kono. Gendhut nggawa kresek lang langsung nyedhaki ibuku lan nawakake bungkusan kresek sing digawa mau, “Ki lho, Bek, tak keki iwak.” Ibuku kaget campur wedi karo nyauri, “Emoh, lunga kana.”. Gendhut lunga mlaku maneh. Sing ditawani buntelan ana kresek mau ora mung ibuku, ananging uga uwong-uwong sing ditemoni, anaging pada nolak kabeh.
Aku sing wektu kuwi bubar resik-resik omah nggoleki kucingku lan anak-anake arep takajak dolanan kaya biasane. Takgoleki ana ngendi-ngendi ora temu. Biasane wayah isuk wis padha bengak-bengok, ananging wektu kuwi kok ora ana suarane. Sing katon mung babone. Tak takonke ibuku ya ora ngerti.

Wektu kuwi Gendhut teka ing sacedhake mesjid. Ninggal bungkusan kresek mau ana ing sacedhake mesjid. Ana uwong sing lagi jagongan ing sacedhaking mesjid. Ngerti Gendhut ninggal bungkusan kresek banjur ditiliti. Dumadakan wong mau kaget banget. Jebul kresek sing ditinggal mau isine  anak kucing cacahe telu. Kadadean kang mangkono iku gawe geger wong-wong ing sakiwa tengene lan saya nyebar. Ora keri aku uga krungu kabar sing gawe miris kuwi mau. Bareng wis tutug krungu critane atiku saya miris lan sedhih. Jebul sing dipateni aln ditawakake uwong-uwong mau kucingku. Dhuh kucingku, kok mesakne banget nasibmu…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar