Kepengin Mbiyantu Lare-Lare Putus Sekolah
Wonten ing jaman
ingkang tansaya majeng kados samenika, sinten kemawon ingkang badhe pados
padamelan menawi boten gadhah ketrampilan temtu kemawon kraos sisah. Tiyang
ingkang badhe pados padamelan ugi kedah gadhah pendhidhikan ingkang tansaya
inggil. Ananging menawi dipuntingali, wonten kanyatan ing padintenan ugi taksih
kathah pengangguran saha ugi boten sekedhik lare ingkang putus sekolah.
Kawontenan
menika nggungah penggalihipun mbak Ridhani Pangestuti. Sarjana pendhidhikanlulusan
jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, UNY
menika gadhah ide kangge mbiyantu lare-lare ingkang putus sekolah wonten
dhaerahipun kanthi usaha aksesoris hijab,
aksesoris wanita saha souvenir pernikahan. Ananging souvenir
pernikaha naming dipundamel menawi wonten pesenan. “Kula kepengin nyaluraken hobi, blajar dagang
saha gadhah impen-impen saged damel lapangan
pekerjaan kangge tiyang sanes amargi kathah lare putus sekolah wonten dhaerah kula”, ngendikanipun nalika
dipuntakeni alasan miwiti usahanipun.
Guru
SMA N 1 Ambarawa kelairan 13 Juli 1987 menika saged angsal bathi saben
wulanipun antawis 500 ewu ngantos rong yuta rupiah. Ananging ngantos 4 wulan
saking usaha menika dipunbangung, panjenenganipun dereng saged ngincipi
asilipun amargi omsetipun dipuangge modal malih. Amarga taksih arupi usaha
alit, pramila dereng saged mbiyantu
lare-lare ingkang putus sekolah wonten dhaerahipun. Anggenipun produksi namung
dipunrencangi dening ibu saha ponakanipun saha sadaya kagiyatan produksinipun
taksih ngginakaken cara manual.
Anggenipun
masaraken produkipun, mbak Ridha ngginakaken kathah cara kadosta ngginakaken
blog inggih menika http://ridhabucan.blogspot.com/
,
dipuntitipaken kancanipun wonten Batam saha dipuntitipaken wonten tiyang sadean
aksesoris wonten peken saha supermarket utawi swalayan. Kajawi diputitipaken, ugi dipunsade piyambak saben dinten
Jumat wonten area pabrik ing Ungaran
saha saben dinten minggu wonten pasar minggu Ungaran. Kajawi menika ugi
diputitipake wonten koperasi sekolah saha saged nampa pesenan saking murid
utawi guru.
Anggenipun
mbangun usahanipun ugi boten uwal saking kasisahan-kasisahan.
Kaisahan-kasisahan ingkang nate dipualami dening mbak Ridha kadosta menawi barang
ingkang diputitipaken wonten ingkang ical, nalika retur cacahipun boten jumbuh kaliyan salinipun saha kenging gusur
nalika sadean wonten pasar minggu amargi dereng gadhah panggenana ingkang
tetep.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar