Total Tayangan Halaman

Sabtu, 23 November 2013

GEGURITAN

Bapak

Rikma wis katon seta
Sarira tansah katon wis ora gagah prakasa
Nanging tekadmu lir ombaking samudra
Nyambut gawe rekasa tanpa dirasa
Adus kringet saben dina
Panas udan ora dadi ngapa
Kanggo nguripi anak lan kluwarga
Bapak,
Matur nuwun kangge sedaya ingkang sampun panjenengan paringke
Kanthi lila lan legawa
Nanging aku durung bisa males apa-apa
Namung bisa ngaturaken sembah bektiku marang panjenengan
Muga bisa gawe renaning tyas
Dhuh Gusti..
Paringa kamulyan lan karaharjan
Dhumateng bapak kula ingkang sampun paring katresnan

Kanthi tulus tanpa ngarep piwalesan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar