PARING
USADA NGGINAKAKEN RON SUKUN
Dening: Sulistyani
.jpg)
Sukun kalebet salah satunggaling
tetuwuhaning kang saged dipunginakaken kangge paring usada kangge saperangan penyakit.
Ron sukun saged dipunginakaken kangge ngusadani penyakit jantung, ginjel,
nyegah kanker, nyegah kolesterol saha ngsadani asamurat amargi ngandhut zatasetilcolin, tanin, riboflavin serta asam
hid hidrosianat. Wonten ing ngandhap
menika badhe katerangaken caranipun paring usada ngginakaken ron sukun.
A.
Kangge
Ngusadani Penyakit Jantung
Caranipun:
1.
Nyamektakaken
saklembar ron sukun ingkang sampun sepuh, langsung dipunpendhet sakingwitipun.
2.
Ron
menika dipun kumbah ngantos resik
3.
Ron
dipunpepe ngantos garing
4.
Ron
ingkang sampun garing dipun godhog ngginakaken toya kinten-kinten 5 gelas
5.
Dipungodhog
ngantos sisanipun dados 2,5 gelas
6.
Sasampunipun
umub ditambah malih toya ngantos dados 5 gelas malih
7.
Saring
lan dipun unjuk rutin saben dinten
B.
Obat
Sakit Ginjel
Cara anggenipun ngracik meh sami kaliyan wonten ing nginggil.
Bedanipun namung ngginakaken 1 gelas kemawon. Dipungodhog ngantos umub, lajeng dipununjuk
rutin saben dinten.
C.
Kangge
Nyegah Kanker
Caranipun:
1.
Nyamektakaken
1 ron sukun ingkang sampun sepuh lan garing
2.
Ron
sukun dipun umbah ngantos resik
3.
Ron
sukun dipungodhog ngginakaken toya 5 gelas ngantos umob
4.
Sasampunipun
umob dipunparingi toya 5 gelas malih. Dipuntengga ngantos umob malih
5.
Ingkang
pungkasan dipuntambahi toya 5 gelas malih lajeng toya menika dipunsaring
6.
Toya
dipununjuk sabendinten nalika toyanipun sampun asrep.
D.
Kangge
Nyegah Penyakit Kolesterol
Caranipun:
1.
Nyamektakaken setunggal genggem ron sukun
ingkang sampun garing
2.
Campur ron sukun ing kang garing kalawau
kalihan setunggal genggem ron bangle
3.
Capuran menika dipunparingi toya benter
(diseduh)
4.
Saring toya wau, dipunparingi sekedhik gendhis
utawi madu supados boten pait
5.
Dipununjuk kanthi rutin ngantos kolestrol
mandhap
E.
Kangge
Ngusadani Asam Urat
1.
Nyamektakaken setunggal genggem ron sukun
ingkang sampun garing
2.
Ron
menika dipungodhog utawi dipun paring toya benter (diseduh)
3.
Tengga
ngantos asrep
4.
Dipun
unjuk kanthi teratur ngantos asamurat ical
Tidak ada komentar:
Posting Komentar