BUDAYA DESA ADAT TENGANAN
Dening
Sulistyani (11205244007)
Reviewer :
Nida Ul Janah (11205244016)
Desa
Tenganan menika salah satunggaling desa adat ingkang manggen wonten ing
Kecamatan Manggis, Kabupaten Karangasem, Propinsi Bali. Dipunsebat desa adat utawi
desa Bali aga utawi Bali jaman rumiyin amargi caranipun gesang masyarakat
wonten ing desa menika taksih ngginakaken cara ingkang tradisoional
sanget, boten ngginakaken teknologi modern kadosta desa sanes ing
wewengkon Bali.
Masyarakat wonten ing desa Tenganan
menika taksih ngugemi sanget aturan ingkang sampun dipuntetepaken dening
leluhuripun ingkang dipunwastani awig-awig. Kanthi awig-awig menika masyarakat
desa Tenganan boten keguh dening teknologi ingkang saya ngrembaka ing
pagesangan lan tetep nglestantunaken sedaya cara gesang ingkang klasik
kados ing jaman rumiyin. Cara gesang ingkang klasik lan beda menika narik kawigatosan wisatawan lan dadosaken
desa Tenganan minangka salah satunggaling desa wisata ing Kecamatan Manggis,
Kabupaten Karangasem, Bali.
Unsur-unsur budaya kados ta sistem
religi, sistem teknologi, sistem mata pencaharian, sistem organisasi sosial,
sistem bahasa, sistem ilmu pengetahuan dan kesenian wonten ing desa menika
boten sami kaliyan desa adat sanesipun langkung-langkung desa ingkang sampun
kenging pengaruh ngrembakanipun teknologi ingkang ageng. Sedaya kala wau
dipunjagi dening masyarakat kanthi ngginakaken paugeran-paugeran ingkang sampun
dipundamel dening leluhuripun.
Sistem religi
Agami masyarakat desa Tenganan inggih menika agami Hindhu
ingkang ingkang nganut sekte Indra. Wonten ing Tenganan ugi wonten kebo
ingkang uncul wonten margi-margi desa. Kebo-kebo ingkang aanggep suci menika sampun
akrab kaliyan warga lan boten nganggu warga sanadyan saba wonten ing sakiwa-tengening warga. Kebo menika
dipunginakaken wonten ing upacara adat. Sandyan saben taun mesti wonten kebo
ingkang dipunbeleh kangge upacara adat lan cacahipun namung sekedhik, ananging
kebo menika boten nate telas.
Sistem
Mata pencaharian
Masyarakat ing desa Tenganan kathah
ingkang dados petani lan dagang. Kahtah para warga ingkang sami dedagangan souvenir
wonten ing ngajeng griyanipun. Kathah ingkang sami dedagangan hiasan saking ron
tal, hiasan saking kulit tigan
ingkang dipungambar, kain tradhisional lan sanesipun. Masyarakat desa Tengenan
ingkang gadhah pangupa boga dados petani boten nggarap sabinipun piyambak ananging dipunsewakaken dhateng tiyang sanes ing sajawining desa Tenganan.
Sistem
Organisasi Sosial
Wonten ing masyarakat desa Tenganan
wonten tradhisi unik ing bab
palakrama. Ing jaman rumiyin warga ing salebeting desa Tengenan boten angsal
gadhah mantu warga ing sajawining desa. Ananging, ing jaman samenika tradhisi menika
sampun boten mekaten. Kathah warga desa ingkang krama kaliyan tiyang saking sajawining
desa.
Sistem
Teknologi
Wonten satunggaling kain ingkang
dipundamel dening warga desa Tengenan inggih menika kain Gringsing. Kain menika
dipundamel kanthi cara manual, saengga kangge ngasilaken
setunggal set kain kemawon mbetahaken wekdal ngantos mataun-taun. Amargi menika
reginipun ugi awis sanget. Kain Gringsing ing jaman samenika namun
dipunginakaken ing upacara-upacara adat.
Sistem
Basa
Wonten
ing desa Tenganan basa ingkang dipunginakaken dening masyarakatipun inggih
menika basa Bali. Sanadyan desa menika desa Bali aga utawi Bali jaman rumiyin,
nanging warganipun sampun saged ngginakakaen basa Indonesia. Menika dadosaken
gampiling para tamu bilih badhe nyuwun pirsa babagan desa Tenganan dening para
warga.
Sistem
Ilmu Pengetahuan
Ing
desa Tengana wonten bale ageng kangge papan panggulawenthah ilmu agami
lare-lare desa Tenganan ingkang dipunpimin dening mekel. Ananging ing jaman
samenika warga sampun tepang kaliyan pendhidhikan formal, lan sampun kathah
warga desa ingkang sekolah wonten sanjabaning desa langkung-langkung ing
sajawining kitha.
Sistem Kesenian
Wonten
salah satunggaling kesenian ingkang misuwur sanget ing desa Tenganan inggih
menika perang pandhan utawi dipunsebat mekare-kare. Perang menika dipunadani
kangge suka pakurmatan dhumateng dewa perang (Dewa Indra). Mekare-kare menika
ngginakaken piranti pandan berduri
lan tameng. Sanajan sabibaring perang menika mesti wonten tatu-tatunipun
ing badan, nanging warga boten kuwatos. Warga ngginakaken obat tradisional
kangge ngobati tatu menika, inggih ngginakaken kunir. Kanthi wekdal tigang
dinten kemawon tatu-tatu sampun saged garing.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar