Total Tayangan Halaman

Sabtu, 21 Desember 2013

PAWIWAHAN

TATA WICARA MIDODARENI

Pratelan waosan:
Pringgawidagda, Suwarna. 2011. Tata Upacara dan Wicara Pengantin Gaya Yogyakarta: penerbit KANISIUS.

Nuwun,
            Sanggyaning para rawuh ingkang kinurmatan kawuryan saking mandrawa risang calon penganten miwah sapengombyongan sampun arsa prapta ing wismaning pamengku gati.  Praptanira calon penganten miwah pengombyong ngaturaken pambagya kawilujengan.

---------------------------(gendhing Ladrang Sri Wilujeng)--------------------------------------------

            Nalika saman risang calon penganten kakung miwah pangombyong sampun kepareng  mratitisaken satataning lampah. Sinengkuyung mring para kadang miwah sentana, karsanipun Bapak-Ibu. . . ingkang arsa bebesanan kaliyan Bapak-Ibu... kawuryan saking mandrawa kathik ngasta saniskaraning ubarampe srah-srahan, manekawarni wujud, lan warninira.

PROFIL BUDAYAWAN

Nguri-uri Budaya kanthi Nari

Nguri-uri  budaya Jawa menika perkawis ingkang wigati sanget kangge njagi kabudayan amrih tetp lestantun, sukur dadosaken langkung ngrembaka. Saya kathah budaya manca ingkang mlebet dadosaken saya mundur lan saya kagerus budaya Jawa. Sampun dados kuwajibaning para mudha ngupiya supados budaya Jawa boten kagerus jaman saha modernitas.

Senin, 16 Desember 2013

PROFIL WIRAUSAHA

Kepengin Mbiyantu Lare-Lare Putus Sekolah

Wonten ing jaman ingkang tansaya majeng kados samenika, sinten kemawon ingkang badhe pados padamelan menawi boten gadhah ketrampilan temtu kemawon kraos sisah. Tiyang ingkang badhe pados padamelan ugi kedah gadhah pendhidhikan ingkang tansaya inggil. Ananging menawi dipuntingali, wonten kanyatan ing padintenan ugi taksih kathah pengangguran saha ugi boten sekedhik lare ingkang putus sekolah.

OPINI PENDEK

Gendhut Jagal Kucing

Prastawa  iki  kadadean kira-kira  ing tahun 2010. Wektu kuwi kucingku lagi duwe anak cilik-cilik cacahe telu. Rupane sing abang loro lan sing belang telon siji. Disawang pancen katon lucu-lucu banget.
Ana salah sawijining uwong ing desaku kang kurang genep sithik. Uwong-uwong sadesa uwis padha ngerti menawa uwong kuwi mau pancen rada beda karo wong-wong normal. Anangin uwong-uwong saka desa liya ngertine wong kuwi mau ya normal, pancen polatane antarane ing desane dhewe karo ing daerah liya pancen beda adoh. Wong kuwi mau jenenge Gendhut, aku ora ngerti sapa jeneng asline, nanging wong-wong pada nyeluk nganggo parab kuwi.

ARTIKEL BUDAYA

SLAMETAN WETON WONTEN TRADHISI MASARAKAT JAWI

PANGERTOSAN SLAMETAN WETONAN
Tembung “wetonan” asalipun saking tembung lingga “wetu” ingkang tegesipun wedal, wiyos saka ing njero menyang menyang ing njaba. Weton wonten mriki inggih menika samukawis ingkang gayutan kaliyan wiyosipun tiyang. Dados slametan wetonan inggih menika slametan ingkang dipunadani kangge mengeti dinten lairipun tiyang. Slametan menika dipunadani saben 35 dinten utawi wonten itungan Jawi dipunsebat selapan. Weton  minangka dinten wiyosipun tiyang wonten itungan saptawara lan pancawara utawi pasaran (pon, wage, kliwon, legi, pahing).

Jumat, 13 Desember 2013

WACAN PROSEDURAL

PARING USADA NGGINAKAKEN RON SUKUN
Dening: Sulistyani
Sukun kalebet satuggaling tuwuhan ingkang asring dipunpanggihi wonten ing padintenan. Nanging saperangan ageng masyarakat namung ngginakaken woh sukun kangge dipundamel mawarni-warni dedhaharan kadosta sukun goreng, criping sukun, kolak sukun lan sapunggalanipun. Boten kathah masyarakating kang ngertos bilih ron sukun menika ugi gadhah mupangat ingkang ageng tumrap njagi lan ngusadani mawarni-warni penyakit.

Rabu, 11 Desember 2013

WISATA BUDAYA

CANDHI GEBANG

A.    Papan Penggenan
Miturut data administratif candhi Gebang dumunung wonten ing Dhusun Gebang, Desa Wedomartani, Kecamatan Ngemplak, Kabupaten Sleman, Daerah Istimewa Yogyakarta. Miturut data astronomis candhi Gebang dumunung ing 07º 45’ 53.62” BT saha 07º 45’ 04.01” LS.
     B.     Sejarah Panemoning Candhi saha Pemugaran