Total Tayangan Halaman

Sabtu, 23 November 2013

CERKAK

Gara-gara Dalan

“Bintang malam katakan padanya, aku ingin melukis sinarmu di hatinya, embun pagi katakan padanya, biar kudekap erat waktu dingin membelenggunya...”. Durung rampung lagu kang dinyannyekke Kerispatih mau rampung, aku cepet-cepet mateni radio sing sumeleh ana nduwur meja. Yen ora tak peteni mung nambah ngenesing atiku saiki.
Bengi pancen wektu sing paling daksengiti saiki. Maruta mung tansah nggawa ganda sepi. Kelingan marang salah sawijining priya kang nate mampir ing udyananing atiku, kang nambah seseging dhadhaku.
***

GEGURITAN

Bapak

Rikma wis katon seta
Sarira tansah katon wis ora gagah prakasa
Nanging tekadmu lir ombaking samudra
Nyambut gawe rekasa tanpa dirasa
Adus kringet saben dina
Panas udan ora dadi ngapa
Kanggo nguripi anak lan kluwarga
Bapak,
Matur nuwun kangge sedaya ingkang sampun panjenengan paringke
Kanthi lila lan legawa

Senin, 11 November 2013

News Feature
PNS Tansah Dados Idola Mayarakat
Sulistyani (11205244007)



Wontening pengangkatan (CPNS) Calon Pegawai Negeri Sipil tansah mbeta raos bingah dhateng masyarakat Indonesia ingkang tansah ngantu-antu. Wonten ing taun 2013 menika pamarintah mbikak rekkrutmen CPNS kanthi wonten 5 jalur inggih menika jalur pelamar umum, honorer kategori 2, formasi khusus kangge dokter, seleksi kangge tenaga ahli tartamtu ingkang boten wonten ing lingkungan PNS, lan seleksi calon sisiwa ikatan dinas.
STRAIGHT NEWS
SIMULASI TES CPNS
Sulistyani (11205244007)

Simulasi tes CPNS (Calon Pegawai Negeri Sipil) dipunadani wonten ing toko buku Toga Mas jln. Afandy Gejayan  dinten Setu (29/09/2013). Simulasi menika minangka sarana kangge gladhen ngadhepi tes CPNS ingkang dipunadani wulan November mangke.   Simulasi menika dipunadani kanthi asil kerjasama Diva Press, toko buku Toga Mas lan Staedtler. Ngantos data menika dipunpendhet panitia dereng mangertos cacahipun pandherek simulasi. “Jumlah peserta belum pasti karena masih ada yang belum datang”, ngendikanipun Muna, panitya adicara menika. Ananging miturut daftar peserta, pandherek ingkang kadaftar langkung saking 100 tiyang. Sinten kemawon ingkang badhe ndherek ing simulasi menika saged daftar saderengipun tes kawiwitan.


Tes simulasi menika dipunlaksanakaken wonten ing toko sisih inggil (lantai dua) kanthi cara lesehan. Acara

Jumat, 08 November 2013

BUDAYA DESA ADAT TENGANAN
Dening Sulistyani (11205244007)
Reviewer : Nida Ul Janah (11205244016)
Desa Tenganan menika salah satunggaling desa adat ingkang manggen wonten ing Kecamatan Manggis, Kabupaten Karangasem, Propinsi Bali. Dipunsebat desa adat utawi desa Bali aga utawi Bali jaman rumiyin amargi caranipun gesang masyarakat wonten ing desa menika taksih ngginakaken cara ingkang tradisoional sanget, boten ngginakaken teknologi modern kadosta desa sanes ing wewengkon Bali.